Isa

Saka Wikipédia Jawa, bauwarna mardika basa Jawa
Loncat ke navigasi Loncat ke pencarian

Isa (basa Arab:عيسى, `Īsā) (watara 1 - 32M) iku nabi wigati sajeroning agama Islam lan minangka salah siji saka Ulul Azmi. Sajeroning Kuran, Isa ingaran Isa bin Maryam utawa Isa al-Masih. Isa diangkat dadi nabi ing taun 29 M lan ditugasaké dakwah marang Bani Israil ing Palestina. Jenengé disebutaké kaping 25 sajeroning Kuran.

Sejarahe[besut | besut sumber]

Sadurungé Allah nyiptakaké Isa, Allah ngutus malaékat Jibril awujud manungsa marang Maryam. Ing wektu iku Maryam ing pinggir etan omahé dhewéan. Pas weruh ana Malaékat Jibril Maryam langsung nyuwun tulung dhateng Allah supaya malaékat Jibril ngedohb saka dhèwèké. Banjur malaékat Jibril wangsuli, yèn dhèwèké iku utusaning Allah marang Maryam supaya bisa duwé putra lanang sing mengko dadi Nabi.

Pranala njaba[besut | besut sumber]

Rujukan[besut | besut sumber]